Pages

Ads 468x60px

Kamis, 26 Februari 2015

sesorah



PENYULUHAN DEMAM BERDARAH
                        Assalamu’alaikum wr.wb
Alhamdulillah wasolatuwasalam mu’ala asrofil anbiya iwal mursalim wa’ala alihi wasohbihi ajma’in amma ba’du.
                        Ingkang dhahat kinurmatan Kepala SMP Negeri 1 Ajibarang
                        Ingkang kawula urmati Bapak/Ibu Guru kaliyan Staf Tata Usaha SMP Negeri 1                 Ajibarang
                        Lan siswa-siswi SMP Negeri 1 Ajibarang ingkang kawula tresnani
            Kaping sapindhah, sumangga kita sareng-sareng panjataken puji syukur dumatheng Gusti  Allah SWT ingkang sampun maringi kita sedaya keselarasan, saengga kita saged makempal wonten acara Penyuluhan Demam Berdarah saking Dinas Kesehatan Banyumas.
            Kula wakil saking Dinas Kesehatan Banyumas teng mriki badhe atur sesuluh ngenani keselarasan. Negara kita sering sanget dilanda penyakit, penyebabipun saged saking virus utawi liya liyane. Wonten katah jenis penyakit, yaiku cikungunya, malaria, flu burung, diare, muntaber, lan demam berdarah. Penyakit demam berdarah, sampun mboten asing malih kan teng telinga kita. Napa malih penyakit niki sampun katahkorbane, wonten bayi, remaja, tiyang sepuh, lan mboten kenal umur.
Penyakit nikiyaiku penyakit demam akut disebabkaken sakingsponozoa ing awak kewan lemudbetina ingkang jeneng lemudAedes Aegyti, family Flaviviridae, lan genus Flavivirus. Penyebaranipun sami kaya penyebaran penyakit malaria. Awale lemud betina ngisap getihe wong sing wis infeksi dengue, terus virus mlebu ring awake lemud. Wonten wekdal 9 dinten virus dengue membiak ing banyu liure lemud. Sawiseniku lemud sing sampun terinfeksi virus dengue nyakot aweke wongliya, mula virus niku mlebu marang system peredaran wong niku lan wong niku sakit DBD. Gejala ingkang saged diamati menawi kena DBD awujud demam tinggi mendadak 38°-40°antara wekdal 2-7 dinten, bintik-bintik merah wonten kulit, mimisan, lara weteng, kepala abot, otot, lan sendi padha lara.Obat tradisional ingkang saged dikonsumsi kanggo ngeredakna penyakit DBD yaiku ngonsumsi jambu biji abang, godong sambilata, angkak maksude jenis beras khusus sing dibiakna kalih ragi, lan godong dewa sing esih seger saged direbus.
Cara ingkang saged dilakukna kangge nanggulangi penyakit niki yaiku 3M, setunggal menguras maksude nguras bak tandhon banyu, keloro menutup maksude nutup segala barang sing  bisa keisi banyu, ketelu mengubur maksude ngubur barang sing bisa kanggo  ngendhog lemud, selain 3M wonten malih yaiku penyemprotan, njaga kebersihan lingkungan, khususe gantung jemuran, mbukakventilasiruanganlan liya-liyane.
Sing teng mriki sinten sing badhe ngrasakaken penyakit demam berdarah? Ngacung…..!!! pasti padha mboten purun kan!!! Dados kudu njaga kebersihan lingkungan, baik saka awake dhewek, lingkungan keluarga, lan nang sekitare.
            Cukup sementen saking kula. Menawi wonten klenta-klentunipun atur kula nyuwun agunging pangapunten. Matur nuwun
            Wabillahi taufik walhidayah. Wassalamu’alaikum wr.wb.

0 komentar:

Posting Komentar

 
Blogger Templates