Pages

Ads 468x60px

Sabtu, 21 Februari 2015

BAHASA JAWA - ATUR PAMBAGYA SYUKURAN


          Bapak lan Ibu, para rawuh sedaya. Kula ngaturaken matur nuwun kaliyan panjenengan ingkang sampun rawuh menuhi undangan kawula. Maksud kawula ngundang panjenengan wonten mriki yaiku badhe nglaksanakake acara aqiqah lan syukuran anak pertama kawula, ingkang nami Ananda Shinta Riskyani. Mugi-mugi, panjenengan ingkang rawuh dipun catet amal ibadahipun lan suwe ing dunya.
          Kawula berharap anak pertama niki saged mbekta keberkahan marang keluarga kawula. Lan kawula nyuwun keikhlasan panjenengan sedaya kangge panjataken do’a marang keluarga kawula lan khususipun anak pertama kawula. Supados anak inkang slalu diparingi keslarasan, dawa umur, gampang angsal rizki saking wong tuane, dados anak ingkang sholehah, anak ingkang cerdas, bakti marang wong tua lan slalu dilindungi Gusti Allah SWT. Sahingga saged maringi kebahagiaan marang wong tua, keluarga, masyarakat, bangsa lan negara. Aminnn ya robal’alamin…………………
          Bapak lan Ibu, para rawuh sedaya. Cekap sementen saking kawula lan sapisan malih, kawula atas nami keluarga ngaturakaen matur nuwun lan kawula nyuwun agunging pangapunten menawi kawula wonten kelepatan utawi kekurangan  wonten nerima lan menjamu panjenengan sedaya.
                   Wassalamu’alaikum wr.wb.

0 komentar:

Posting Komentar

 
Blogger Templates