·Alise : nanggal sapisan
·Astane : nggandewa gadhing
·Athi-athine : ngudhup turi
·Awake : ramping
·Bangkekane : nawon kemit
·Bathuke : nyela cendhane
·Bokonge : manjang ngilang
·Brengose : nglaler menclok,
nguler keket
·Cahyane : ngalentrih, sumunu, sumunar
·Dedege : ngringin sungsang
·Drijine : mucuk ri
·Eseme : pahit madu, kaya madu,
pinastika
·Godheke : simbar rumembun
·Gulune : ngolan-olan, ngelung
gadung
·Idepe : tumenga ing tawang
·Irunge : mbangir, kencana
pinantar, ngudup mlati
·Jangkahe : njalak njrinjing
·Jempolane : ngendas ula
·Kempole : ngembang pudhak,
nyikil/nyutang walang
·Lakune : mager timun, macan
luwe
·Lambehane : mblarak sempal, merak
kasimpir, nyigar jambe
·Lambene : nggula satemplik,
manggis karengat
·Lengene : nggandhewa pinentang
·Mripate : ndamar
kanginan, blalak-blalak, bawang sabungkul
·Netrane : liyep alindri
·Pakulitane : ireng
manis, ngulit langsep
·Pamulune : prada binabar,
ambengle kiris
·Pawakane : ramping, gagah pidegsa
·Pipine : duren sajuring
·Polatane : ruruh jatmika
·Praene : sumunar
·Pundhake : nraju mas
·Pupune : mukang gangsir
·Rambute : ngembang bakung,
ngandan-andan
·Sinome : mbibis mabur, micis
wuncar
·Slirane : sedhet singset
·Solahe : merak ati
·Susune : nyengkir gading
·Swarane : ngombak banyu
·Tangane : nggendewa pinentang
·Tungkake : bunder lir jinangka
·Untune : miji timun, ngelar
kombang
·Ulate : sumeh
/ sumunar
·Wange : nyangkal putung,
ngungkal gerang
·Watake : andhap asor
0 komentar:
Posting Komentar