BABAD
AJIBARANG
Ing jaman
semana ana sawijining Negara kang jenenge Galuh Pakuan. Galuh Pakuan
kuwi kalebu wilayah Kerajaan Pajajaran. Nalika semana ing Galuh Pakuan lagi ana
musibah. Musibah mau awujud mangsa ketiga kang suwe banget. Kabeh mau ndadekake
para warga urip sengsara. Para warga padha kurang pangan, amarga mangsa
paceklik. Ing kahanan kang mrihatenake mau, bojone Adipati Munding Wilis
(Adipati Galuh Pakuan) njaluk digolekake dhaging kidang kang sikile putih.
Bojone Adipati Munding Wilis
kandha, “Kangmas, aku kepengin mangan daging kidang kang sikile putih.”
“Panjalukanmu kok aneh
diajeng?” ature sang Adipati.
“Iki dudu panjalukan saka aku
kang mas, nanging panjalukane si jabang bayi,” wangsulane bojone Sang
Adipati
“Ya
wis, nek ngana ngesuk aku tak menyang alas nggolek kidang kang sikile putih,”
ature Sang Adipati.
Amarga bojone lagi meteng, mula
Sang Adipati nuruti panjalukane bojone. Esuk-esuk sawise pamitan lan wis nggawa
sangu kang sacukupe, Adipati Munding Wilis lan punggawane budhal menyang alas
nggolek kidang kang sikile putih. Sang Adipati nunggang jaran kang jenenge
Dawuk Mruyung. Sang Adipati lan rombongan wis tekan alas. Kahanan ing alas kana
sepi banget. Kidang kang digoleki ora ana. Sadurunge oleh kidang kang sikile
putih, Sang Adipati lan rombongan kesasar ing desa para brandal (perampok).
Pimpinan brandal mau jenenge Abulawang. Banjur Abulawang mrentah anak buahe
supaya nggolek pawarta babagan rombongan kang kesasar mau.
“He, kowe! Cepet nggolek
pawarta babagan rombongan sing
kesasar mau sapa lan apa wae kang digawa!” Prentahe Abulawang.
Anak buahe Abulawang cepet-cepet
budhal lan nggolek pawarta babagan rombongan kang kesasar mau. Sawise telung
dina, anak buahe Abulawang mulih ngadhep pimpinane, banjur nglapor babagan
kasil anggone nggolek pawarta mau.
“Pawarta apa kang arep
kolaporake marang aku?” Pitakone Abulawang
“Rombongan kang kesasar wau
inggih punika rombongan Adipati Munding Wilis saking Kadipaten Galuh Pakuan.
Barang-barang ingkang dipun bekta ugi kathah,” wangsulane anak buahe
Abulawang.
“Ya wis, saiki siapake pasukan
kanggo nyerang rombongan Adipati Munding Wilis!”
Prentahe Abulawang.
Banjur Abulawang lan anak buahe
nyusun rencana kanggo nyerang Adipati Munding Wilis lan rombongane. Perang
antarane rombongane Sang adipati lan Abulawang akhire kedadean. Sang Adipati
lan rombongan kalah, banjur dicekel dening perampok kang dipimpin Abulawang.
Kabeh barang-barange Sang Adipati dirampok semana
uga jarane. Banjur Sang Adipati diolehake mulih marang kadipaten. Karo nahan
rasa kang sedhih, akhire Sang Adipati lan rombongan mulih mlaku, amarga jarane
uga melu dirampok.
Sawise tekan ing kadipaten, Sang
Adipati ngrasa seneng. Bojone wis nglairake putra kang bagus rupane. Putrane
mau nduweni tandha ing lengen sisih tengen yaiku
belong “toh wisnu”. Wektu lagi pada seneng-seneng, dumandakan kahanan ing kana
dadi ora karu-karuan. Kabeh mau amarga rombongan Abulawang dumadakan nyerang
lan mlebu marang kadipaten. Nalika semana umure putrane Sang Adipati nembe
patang dina. Kadipaten dirampok lan diobong. Semana uga omahe para warga lan
para pejabat kadipaten. Untung wae Sang Adipati ditulungi dening Ki Juru Taman,
pembantu kadipaten.
Sawise kahanan aman, Sang Adipati
kelingan karo nasibe putrane kang nembe lair mau. Putrane digoleki ing saben
pojokan kadipaten, nanging ora ketemu. Ing sawijining dina ana warga kang
nglapor yen putrane Sang Adipati digawa lunga (diculik) dening Abulawang. Sang
Adipati lan bojone ngrasa sedhih banget. Banjur wong loro nekad lunga nggoleki
putrane kang digawa Abulawang. Wong loro mau nyamar dadi wong tani jenenge Pak
Sandi lan Nyai Sandi.
Ing Bukit Mruyung (papane para
perampok), Abulawang lan bojone ngrasa seneng banget. Amarga Abulawang lan
rombongane bisa nyulik putrane Sang Adipati sing bagus rupane. Nanging putrane
diaku anak dening Abulawang lan bojone. Abulawang lan bojone gelem ngakoni
amarga wong loro mau pancen durung duwe anak. Akhire putrane Sang Adipati mau
dijenengi Jaka Mruyung.
Saiki Jaka Mruyung wis ngancik
tambah gedhe. Dheweke diwenehi wejangan dening Abulawang yaiku ora kena lunga
adoh-adoh saka Bukit Mruyung. Apa maneh nganti metu saka Bukit Mruyung.
Abulawang kanda, “Le, kowe ora
kena lunga adoh-adoh saka Bukit Mruyung. Apa maneh metu saka wilayah Bukit
Mruyung iki!”
“Nggih pak,” wangsulane
Jaka Mruyung manut.
Saya suwe Jaka Mruyung ngrasa ora
betah manggon ning Bukit Mruyung. Dheweke ora seneng karo wong tuwane kang
nduweni watek ala kayata seneng ngrampok, nginum, lan judi. Banjur Jaka Mruyung
lunga (minggat) saka Bukit Mruyung. Jaka Mruyung nglanggar janjine marang
Abulawang. Jaka Mruyung lunga numpak jaran Dawuk Mruyung. Jaran Dawuk Mruyung
mau jebul duweke ramane dhewe (Adipati Munding Wilis) kang biyen dirampok
dening Abulawang.
Ana Anak buahe Abulawang kang
nglapor yen Jaka Mruyung minggat numpak jaran Dawuk Mruyung. Abulawang mrentah
anak buahe supaya nggudag Jaka Mruyung. Jaka Mruyung digudag-gudag dening anak
buahe Abulawang, nanging Jaka Mruyung bisa metu saka Bukit mruyung lan ora
kecekel.
Karo nggawa sangu, Jaka Mruyung
lunga ngetan ngliwati alas-alas. Dheweke tekan ing sawijining papan kang
jenenge Dayehluhur. Jaka Mruyung mampir ing omah cilik, duweke Ki Mranggi.
Akhire Ki Mranggi ngongkon Jaka Mruyung supaya gelem saomah karo Ki Mranggi lan
dianggep putu.
“Lek, kowe manggon neng kene
wae ngancani aku!” Prentahe Ki Mranggi. Amarga Jaka Mruyung pancen ora
nduwe papan kanggo nginep, banjur dheweke sarujuk.
“Nggih, Ki?” Wangsulane
Jaka Mruyung.
Ki Mranggi yaiku bekas prajurit
Majapahit kang manggon ing papan iku. Jaka Mruyung diwarahi maca, nulis,
keprajuritan, bela dhiri, lan ilmu kesaktian. Sawise cukup anggone nimba ilmu,
banjur Jaka Mruyung diijinake nerusake pangumbarane nanging saka petunjuk Ki
Mranggi kang diolehake saka ngimpine. Jaka Mruyung lunga ngetan lurus ngolek
alas kang jenenge Pakis Aji. Sawise alas mau ditemokake, banjur dibabad amarga
papan mau besuke bakal dadi Negara kang gedhe. Jaka
Mruyung akhire ninggalake papan mau saka pratandha kang wis ditrima Ki Mranggi.
Jaka Mruyung uga ninggalake pesen supaya papan mau dijenengi Desa Panulisan
kang artine papan Jaka Mruyung bisa maca lan nulis.
Ing sawijining dina, Jaka mruyung
tekan ing papan kang amba lan akeh sukete wernane ijo-ijo. Dheweke leren lan
jarane mangan suket kang ijo-ijo mau. Banjur papan mau dijenengi Gumelar kang
artine papan kang amba. Pangambaraan diterusake lan Jaka Mruyung wis tekan ing
sawijining papan lan dheweke ketemu karo wong lanang enom jenenge Tlangkas. Tlangkas
menehi ngerti yen Alas Pakis Aji wis cedhak yaiku ing sisih kidul Kadipaten
Kutanegara. Akhire Jaka Mruyung nerusake pangumbarane maneh banjur ninggalake
pesen kanggo Tlangkas. Pesene yaiku yen besuke Tlangkas arep dijaluki tulung
mbabad Alas Pakis aji lan Tlangkas nyangguhi.
Dicritakake yen Ki Sandi wis tekan
ing Desa Panulisan lan leren ing omahe Ki Mranggi. Sawise leren ana
pirang-pirang dina ing omahe Ki Mranggi, banjur Ki Sandi nyritakake yen tujuane
dheweke yaiku nggoleki anake lanang kang nduweni tanda ing lengen sisih tengen
yaiku belong “ toh wisnu”. Banjur Ki Mranggi nyritakake yen bocah sing lagi
digoleki mau saiki wis gedhe jenenge Jaka Mruyung. Jaka Mruung durung suwe
lunga ngetan golek Alas pakis Aji. Ki Sandi ngrasa seneng amarga dheweke wis
oleh kabar yen Jaka Mruyung iku anake lanang kang lagi digoleki lan saikine
isih urip.
Sesuke Ki Sandi lan bojone nerusake
pangambaraane mlaku ngetan nututi bekas lakune Jaka Mruyung. Ki Sandi lan
bojone ngliwati kali kang bening banyune lan swarane banter (kemracak). Mula
mbesuke papan mau dijenengi Desa Kracak. Ing sawijining papan, Ki Sandi ketemu
karo wong lanang kang nggawa buah banjur dheweke takon jenenge buah mau.
“Pak, punika buah napa?” Pitakone Ki Sandi
Banjur wong lanang mau mangsuli
nganggo basa Sunda, ”Le mah Gondang amis.”
Ki Sandi takon maneh, “Le mah
Gondang amis punika artosipun punapa?”
“Artosipun inggih menika buah
gondang kang rasane legi,” wangsulane wong mau.
Banjur papan mau besuke dijenengi
Desa Gondangamis. Pangambaraane Jaka Mruyung saiki wis tekan ing pinggir Alas
Pakis Aji. Dheweke leren ing papan kang akeh manuk jalake. Papan mau banjur
dijenengi Pejalakan. Dheweke mlebu ing Alas Pakis Aji. Jaka Mruyung tekan ing
Kali Datar lan ing papan kana uga ana kedung. Ing kedung kana akeh manuk
Serwitine. Banjur papan mau dijenengi Kedung Serwiti.
Sawise Jaka Mruyung tekan ing
pinggir Alas Pakis Aji, dheweke langsung mbabad alas. Nalika dheweke lagi
mbabad alas mau, Jaka weruh ing sakitare kana ana wong akeh kang lagi padha
gawe tambak iwak. Jaka Mruyung nyedaki wong-wong mau lan njaluk tulung mbabad
Alas Pakis Aji. Banjur wong-wong mau pada nyangguhi.
Jaka Mruyung lan wong-wong mau
mulai mbabad Alas Pakis Aji. Nalika lagi mbabad Alas Pakis Aji, jaka weruh naga
(ula kang gedhe). Ula mau dicekel dening Jaka Mruyung banjur dipateni banjur
diobong. Nalika lagi ngobong ula, genine melu ngobong Alas Pakis Aji. Warta yen
Alas Pakis Aji kobongan, wis ditrima dening Adipati Nglangak yaiku Adipati
Kutanegara. Adipati Nglangak murka banget marang Jaka Mruyung. Semana uga
wong-wong ing Kadipaten Kutanegara, kabeh melu nyalahake Jaka Mruyung. Banjur
Sang Adipati ngutus para punggawane kanggo nangkep wong kang wis mbakar Alas
Pakis Aji yaiku Jaka Mruyung supaya diukum.
“Punggawa,! Tangkep lan ukum
Jaka Mruyung!” Prentahe Adipati Nglangak.
Jaka Mruyung digoleki dening
punggawa Kadipaten Kutanegara. Ora mbutuhake wektu kang suwe kanggo nggolek
dheweke, akhire Jaka Mruyung bisa kecekel. Jaka Mruyung banjur diukum banjur
dheweke dadi tahanan ing Kadipaten Kutanegara.
Adipati Nglangak nduwe anak telu yaiku Dewi Pandansari, Dewi Pandanayu, lan Dewi Rantansari. Putri-putri mau uga dadi prajurit wadon ing Kadipaten Kutanegara. Nalika dadi tahanan Jaka Mruyung ngetokake tingkah laku kang sopan santun. Akhire Jaka Mruyung dibebasake. Ing sawijining dina, Kadipaten Kutanegara nganakake sayembara kanggo ngolek Senopati Kadipaten Kutanegara. Senopati yaiku pemimpin perang utawa prajurit.
Adipati Nglangak nduwe anak telu yaiku Dewi Pandansari, Dewi Pandanayu, lan Dewi Rantansari. Putri-putri mau uga dadi prajurit wadon ing Kadipaten Kutanegara. Nalika dadi tahanan Jaka Mruyung ngetokake tingkah laku kang sopan santun. Akhire Jaka Mruyung dibebasake. Ing sawijining dina, Kadipaten Kutanegara nganakake sayembara kanggo ngolek Senopati Kadipaten Kutanegara. Senopati yaiku pemimpin perang utawa prajurit.
Ing sajroning sayembara, Jaka
Mruyung oleh lawan kang sakti jenenge Ki Ketol Ireng. Wong loro mau padha-padha
kuwate lan saktine. nanging akhire Ki Kentol Ireng nyerah, dheweke ngaku kalah.
Jaka Mruyung menang lan dheweke didadekake Senopati Kadipaten Kutanegara.
Banjur dheweke uga dinikahake karo anake adipati Nglangak kang nomer loro yaiku
Dewi Pandanayu.
Adipati Nglangak tambah seneng
sawise ngerti yen Jaka Mruyung kuwi jebul putrane Adipati Munding Wilis saka
Galuh Pakuan. Rahasia kabeh mau kabongkar amarga Tlangkas nyritakake babagan
kabeh mau marang Adipati Nglangak. Akhire Kadipaten Kutanegara diserahake
marang Jaka Mruyung.
Sawise Jaka mruyung dadi adipati,
dheweke mulih menyang Kadipaten Galuh Pakuan. Wong-wong kadipaten wis ora padha
kenal lan ora ngerti yen tamu kang nembe teka mau jebule Jaka Mruyung, putrane
Adipati Munding Wilis. Ing kahanan kang kaya mangkono, Ki Juru Taman nglapor
yen Rama lan Ibune Jaka Mruyung lunga nggoleki putrane kang digawa lunga
perampok Abulawang.
Jaka Mruyung banjur mrentah
punggawane supaya nyebarake pengumunan kang isine sapa kang bisa nemokake
Adipati Munding Wilis lan bojone bakal diwenehi hadiah. Sawijining dina,
Adipati Munding Wilis lan bojone maca pengumuman mau. Sang Adipati lan bojone
ngrasa seneng banget. Akhire wong loro mau sarujuk arep teka dhewe marang
Kadipaten Kutanegara nemoni putrane yaiku Jaka Mruyung.
Sawise tekan ing Kadipaten
Kutanegara, Adipati Munding Wilis lan bojone nyritakake yen dheweke kuwi wong
tuane Jaka Mruyung. Adipati Munding Wilis uga nyritakake sebabe Jaka Mruyung
bisa pisah saka wong tuwane. Sawise ngerti critane kabeh, banjur Jaka Mruyung
arep nuntut bales marang Abulawang. Nalika semana Jaka Mruyung isih jengkel.
Jaka Mruyung lan punggawane budhal
menyang Bukit Mruyung. Sadurunge tekan ing Bukit Mruyung, dheweke malah
diserang dening Abulawang lan rombongane. Banjur Jaka Mruyung lan punggawane
genti nyerang. Akhire Abulawang lan rombongane bisa dikalahake. Abulawang ngaku
salah lan njaluk pangapura marang Jaka Mruyung. Jaka Mruyung ora ngukum
Abulawang amarga dheweke esih eling karo jasa-jasane Abulawang kang wis ngopeni
dheweke nganti gedhe. Abulawang lan bojone dipindah menyang Kutanegara. Jaka
Mruyung akhire bisa urip tentrem lan seneng amarga urip bareng karo wong kang
ditresnani. Sawise kuwi ibukota Kadipaten Kutanegara dipindah marang Alas Pakis
Aji kang wis dibabad mau. Alas Pakis Aji mau dijenengi AJIBARANG.
Mula Jaka Mruyung kuwi Adipati Ajibarang kang kaping pisan.
Sawise Kadipaten Kutanegara ngadeg,
Kadipaten Kutanegara dibagi dadi rong desa yaiku Desa Kutawera lan Desa
Candinegara. Bukti yen cerita iki pancen ana yaiku anane kuburan kang jenenge
Pandansari, yaiku kuburane Dewi Pandansari. Uga ana kuburan Pandanayu yaiku
kuburane Dewi Pandaayu bojone adipati Jaka Mruyung. Kuburan mau ana ing sisih
lor Ajibarang. Yen Dewi Rantansari ana ing Gunung Putri, sisih kidul Ajibarang
lan Gunung mau dijenengi Gunung Putri.
0 komentar:
Posting Komentar